KAWRUH : CERKAK
BAB
CERKAK
Cerkak iku
wacan kang kalebu crita narasi lan isine nyritakake prastawa kang dialami
paraga kanthi urutan wektu tinamtu. Titikane cerkak yaiku isine nyritakake, ana
kedadeyanana paraga, lan ana wektu kedadeyan.
Ciri-ciri cerita cerkak
sing wis mesti yakuwe :
- Ceritane
cerkak.
- Dhuweni
sifat fiktif/rekaan.
- Sipate
naratif.
- Dhuweni
kesan tunggal.
- Basane
landhep atau tajam, sugestif lan narik kawigaten
Unsur-unsur
intrinsik cerkak:
unsur intrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun
sekang njero cerkak kuwi
a. Tema
yaiku saripatine kang diandharake utawa kang dicritakake.
b. paraga
utawa tokoh yaiku wong kang maragani cerita
paraga ana 3
yaiku:
1. Paraga
utama utawa protagonist
2. Paraga
mungsuh utawa antagonist
3. Paraga
tambahan utawa tritagonis
c. Watak yaiku
wateke paraga siji lan sjine ing sajroning crita
d. Alur
yaiku lakune cerita utawa urut-urutane cerita
alur
kagolong dadi 3:
1. maju
utawa progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti sateruse
2. Mundur
utawa flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus ngandharake kaanan
sing kepungkur
3. Campuran
Ing alur
diandharake bab kang lumrahe karakit kaya ing ngisor iki:
1.
pengenalan kaanan crita
2. tuwuhing
konflik
3. konflik
wiwit mundhak
4. pucuking
konflik
5.
rerampungane crita
e. Latar
utawa setting yaiku perangan kang nerangke papan utawa wektu kelakone kedadeyan
cerita.
f. Sudut
pandang yaiku kalungguhane pangripta ing sajroning crita
Posisi
perangan iku ana 2, yaiku:
1. Dadi wong
kapisan yaiku dadi tokoh kang bisa disawang ana ing sajroning crita
2. Dadi wong
katelu yaiku dadi tokoh kang nduweni peran dadi pengamat
g. Gaya
bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa kang digunakake pangripta ing sajroning
crita
h. Amanat
utawa pesan yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos,
utawa pesen apa sing sinandhi ing crita.
UNSUR-UNSUR EKSTRINSIK CERKAK :
Unsur ekstrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun
sekan njaba, kaya elsaning digawene cerita, sejarah, biografine si
pengarang lan liya-liyane.
Nilai-nilai ing cerkak.
Nalika kita maca cerkak utawa karya sastra liyane, kita saget nggoleti
nilai-nilai sing kakandhut neng sajroning cerita cerkak. Nilai-nilai
neng sawijining karya sastra kurang lewieh ana 5 yaiku:
1. Nilai sosial
Diarani ngandhut nilai sosial menawa neng
cerita cerkak kuwe ana interaksi utawa hubungan antara tokoh siji karo tokoh
liyane (tokoeh omong-omongan).
2. Nilai agama
Cerita cerkak ngandhut nilai agama menawa neng
cerita cerkak kuwe ana ajakan maring sing maa utawa tokoh neng sajroning cerita
kanggo ningkataken utawi nggindhakake imane.
3. Nilai moral
Nilai moral bisa dideleng sakang
tindhak-tandhuk tokoeh. Diarani ngandhut nilai moral menawa neng cerita cerkak
kuwe ana ewah-wahan tindhak-tandhuk tokoeh sekan ora apik dadi apik sing wis
apik tambah apik. Utawa ngandhut ajaran moral kanggo tokoh neng sajroning
cerita cerkak lan kanggo sin maca.
4. Nilai pendidikan
Cerita cerkak ngandhut nilai pendidikan menawa ana
ewah-ewahan pegetahuan tokoh utawa sing maca, sekang ora ngerti dadi ngerti
utawa sing ra bisa dadi bisa.
5. Nilai budaya
Nilai budaya cerkak bisa dideleng sekang anggone
para tokoh omong-omongan lan nganggo klambi.
TULADHANIPUN TEKS CERKAK
Kedhuwuren
Nalika Tarmin ngiling-ilingi jam sing dienggo ing
tangane, wis nuduhake jam rolas kurang seprapat. Dheweke ngulet terus ngrogoh
sake ngetokke rokok tujuh ename, dijresi rek banjur diakep.
Bengi kuwi dheweke jaga ijen, merga Dalijo tunggu
mbokne sing mondhok neng Rumah Sakit. Tarmin banjur metu saka pos jaga parkir,
saperlu control. Satemene ora ona sing perlu di kuwatirake, amarga mlebu metune
wong (pengunjung) Cafe ketok ngegla saka pos jaga kono.
Ning Tarmin tetep ora lirwa karo tugase, jer maling
mono julige kepati-pati.
Kok dhewekan mas Min, dhik Dalijo neng ngendi ??
Keprungu swara kenya sing banget di apali. Dheweke noleh, jebul tenan, kenya
ayu, awake mrusuh rambut sa pundhak, kathik irunge mbangir, kulite kuning, alus
lan lumer.
Sasat wong sak Cafe Firdaus ngerti, yen Vera ya
jenenge bocah kuwi, anake sawijining konglomerat. Sing kabare wong tuwane kuwi
melu dhuwe saham neng Cafe kono.
Ning jare wong tuwane sakloron ana luar negri, ya
merga tugase minangka konsultan. Dene Vera neng kutha iki mung karo Eyang lan
rewang-rewange.
Vera mono senajan anake wong mblegedhu, ning sasat
karo kabeh karyawan Cafe kono kenal apik. Grapyak sumanak, lan murah esem. Adoh
saka watak sombong lan angkuh. Tangkebe saka karo karyawan penting, nganti karo
tukang kebon lan tukang parkir padha wae.
Mula ora aneh yen karyawan Cafe Firdaus kono akeh sing
naksir, ning ya mung mandheg neng karep, merga ora wani nyedhaki, ana rasa
ering lan sungkan.
Nalika jam siji luwih sithik katon Vera wis metu saka
Cafe, Tarmin age-age methukke karo takon :
Yah mene kok wis arep kondur mbak Vera, kancamu mau
njur padha neng ngendi ??
Bocah-bocah lagi dha goyang ngebor. Aku dhisiki mulih,
merga sesuk rak ujian?, wangsulane karo mesem ….. manis banget. Tarmin dadi munggah
medhun kalamenjinge, kanggo sawetara njur unjal ambegan. Nuli sumambunge :
Wong esuke arep ujian kok bengi klabping?.
Lha wingi aku wis nggethu sinau je mas, iki rekaku rak
kanggo refreshsing ben utege ora spaneng?. Kandhane Vera karo ngulungake karcis
mobil isih diembel-embeli eketan ewon. Nalika Tarmin lagi ubeg ngetungake
susuke, Mobil Espass abang tuwa sing disetiri Vera kuwi wis nggereng. Tarmin
saya ribut karo kandha :
Mengko dhisik mbak, iki lho susuke dienteni?.
Wangsulane Vera saka mburi setir :
Wis rasah mas, nggonen jajan wae, ning eling lho aja
nggo ngombe? (sing maksude mabuk).
Durung nganti Tarmin ngucapake atur panuwun, mobil wis
gleser-gleser metu saka arena parkir tumuju dalan gedhe diuntapake panyawange
Tarmin nganti ilang di untal sepining wengi.
Wis rong taun iki Tarmin sawise ngrampungeke SMA ne
njur nyambut gawe dadi tukang parkir ing Cafe Firdaus, merga di gawa Dalijo
tanggane. Ngelingi angele jaman saiki golek gaweyan, mula pangajake Dalijo sing
pancen dikongkon atasane golek kanca wong siji maneh kuwi, Tarmin nyaguhi
kanthi seneng, lan ya njur nganti tekan saiki kuwi.
Tarmin unjal ambegan dawa kanggo ngilangake rasa
semumpel ing dhadhane, karo batine :
Pancen penak tenan kok dadi wong sugih kuwi,
sruwa-sruwi keturutan.
Kaya Vera kuwi sekolah sagaduk-gaduke utege keturutan,
kanthi tanpa mikirke wragad, isih bisa nyambi seneng-seneng sakatoge neng
papan-papan sing sarwa ngguwaki dhuwit.
O ………. kok adoh banget sungsate karo uripku. Wiwit
cilik aku wis ditinggal mati bapak, urip karo simbok isih sekolah wis di ajak
dhanyang-dhanyang buruh sakecekele, kanggo mangan lan wragad sekolah.
Mangka nyatane bareng wis lulus SMA ya njur macet.
Arep neruske, cetha ora ana beaya, gek nglamar wis ana yen mung limalas bendhel
lamaran sing wis dikirimake, nyatane ya ora ana siji wae panggilan sing teka.
Begjane dene Cafe Firdaus isih mbutuhke tenaga parkir
siji. Malah saiki entuk tepungan wong ayu ……. sugih ….. grapyak tur welasan
pisan.
Tarmin rumangsa kerep banget entuk cipratan saka dhuwite
Vera sing turah-turah.
Janji mbayar parkir mobil, embuh kuwi limang ewu,
sepuluh, limalas ……. blas ora tau gelem disusuki. Anehe Vera yen teka Cafe,
Vera ora njur mlebu, ning malah neng parkiran nganti suwe, ngobrol-ngobrol karo
Dalijo lan Tarmin, kadhang-kadhang Diran tukange kebon ya melu ngglanuk ana
kono.
Mesthi wae ngono mau yen dhong sela utawa rampung
gaweyane. Bareng Dalijo mbokne wis mari, bali mlebu nyambut gawe ketemu Vera
ditakoni :
Mbokmu larane wis mari dhik ??
Uwis mbak, marine bareng tak turuti karepe simbok?
Lha karepe simbokmu apa, dhik?. Vera ndhedhes.
Anu mbak, aku dikon rabi sing milihke ya mbokku kuwi.
Jare bocahe kuwi dodol sayuran neng pasar. Mbiyen mbokne bocah kuwi kancane
simbok? Dalijo kandha jujur.
Njur olehmu arep nglakoni rabi kuwi kapan dhik??
Aku ya kandha mbak, janji simbok njur mari, aku ya
gelem rabi ta wis?, ngono kandhane Dalijo.
Wah kuwi kowe wis dadi anak sing apik banget, dhik,
dene wis nyendikani dhawuhe wong tuwa?. Nalika wis tutug lehe ngobrol, sadurunge
mlebu Cafe, Vera ndudut dhuwit atusan abang loro saka sake nyedhak Dalijo karo
kandha :
Tulung dhik, dhuwit iki kanggo simbokmu, samangsane
butuh obat utawa jamu ben ora ndadak ngenteni mulihmu saka nyambut gawe? Dalijo
nampani karo kandha :
Trima kasih ya mbak, mbak Vera tansah kerep maringi
aku sakanca?.
Ya padha-padha, O iya dhik, sesuk nek kowe arep kawin,
aku kandhanana, sesuk ndak wenehi tambahan modhal kanggo calon bojomu?. Bubar
kandha ngono Vera njur gage mlebu Cafe. Saiki keri wong loro Dalijo lan Tarmin
sing lagi neruske omong-omongan.
Ta rak iya ta Jo, Vera kuwi bocah apik njaba njerone.
Ya atine ya rupane, mangka karo aku kuwi jan …….. apa-apa di critakke?
Kuwi jenenge percaya karo kowe, nyatane gelem curhat.?
Aku sok mikir sing ora-ora je Jo, gek-gek Vera kuwi
seneng karo aku?
Wah Min, kuwi kowe jenenge GR, mbok aja keblabasen
lehmu mikir. Vera kuwi dudu levele awake dhewe. Pancen karo sapa wae ya nggono
kuwi, grapyak, akrap …… lan ya apikan.? Kandhane Dalijo ngelingke Tarmin.
Ning rakya bisa wae ta Jo, anak konglomerat seneng
karo anake wong mlarat. Jaman saiki lho Jo, sapa ngerti wolak-waliking jaman.
Tur manehe, sapa ngerti, aku duwe nasib sing becik?.
Wah …… wah…. wah ….. Min, elinga ya ! Kowe kuwi ngimpi
mabur ya kena, ning aja dhuwur-dhuwur, nek tiba kantep mundhak lara. Mangka
sing bisa nulangi ya mung awakmu dhewe, wong kowe sing ngimpi.?
Jo, kabeh mau bisa wae kelakon, jare Jalma mono
tankena ingina (di ina).?
O Min …. kowe elinga, balia mawas dhiri, bisa wae
kelakon kaya kandhamu, ning kerep-kerepe mung tinemu ing crita filem utawa
sinetron. Aku kuwi mung mesakke kowe Min, mergane yen kabeh mau ora maujut
utawa kelakon, atimu bakal gela …. cuwa …. lara sing tanpa upama. Olehku
ngandhani kuwi rak merga aku tresna neng kowe Min, kowe wis ndak rengkuh kaya
dene sedulurku dhewe. Ewadene yen kandhaku mau malah ndadekke atimu ora seneng,
ya wis aku wis ora bakal nuturi kowe maneh?. Ngono kandhane Dalijo karo ngadek
terus nglungani.
Sikape karo Tarmin ora ngowah-owahi adat. Ning janji
durung weruh Vera, saka panyawange Dalijo, Tarmin tansah rongeh, ora jenjem lan
bola-bali nyawang dalan karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Dalijo krasa welas
lan mesakake banget karo mitrane kuwi.
Seje karo Dalijo, saiki sing dikandhakke olehe arep rabi
wae. Nuruti karepe mbokne sing saiki wis waras larane. Dhek emben nalikane
ketemu Vera ya wis sida kandha, yen sesasi maneh bakal ningkahan karo Tinem
bocah wadon pilihane mbokne.
Vera ya tenan-tenan kandhane kae. Dheweke aweh dhuwit
sak yuta karo Tinem kanggo nggedhekake modhale. Wiwit rampung ujiane, Vera
saiki wis arang teka neng Cafe, embuh sababe. Ora Kejarag, Tarmin ngudarasa
kara Dalijo.
Wiwit rampung ujian kae, ketoke mbak Vera kok
arang-arang teka neng Cafe ya Jo?. Dalijo mung mesem karo manthuk wangsulane
cekak:
Kok iya, wiwit aku diwenehi dhuwit kanggo tambah modal
calonku kae, aku kokya ora tau weruuh. Embuh nek nusul bapak ibune neng luwar
negri?.
Suwe-suwe Tarmin dadi ketok angluh, embuh nek ketaman
unen-unen Love is blid ngono kae.
Atine Dalijo mung ngrasa welas lan mesakke marang
kancane kuwi. Ning arep ngapa, wong nek dikandhani ya ora digubris. Dina Jum?at
sore ana pengumuman, yen staf Cafe tertentu ing dina malam Minggu, karyawane
bakal ndherek pimpinane jagong undhangane Vera. Dalijo wis ngerti saka kanca
karyawan njero ning njarag ora ngandani Tarmin, atine ora tekan.
Bareng karyawan akeh sing metu pating regudug, Tarmin
takon salah sawijining kanca njero :
Iki arep dha neng ngendi ta mas Tanta ??
We lha piye ta kowe kuwi Min, genah arep dha jagong
nggone mbak Vera neng hotel Paradise jare?.
Undhangan apa nggone mbak Vera ??
Jare undhangan ulang tahun sing kaping rong puluh,
ngiras ngresmekake pernikahane karo bule Perancis?.
Dheg ….. atine Tarmin kaya diblegi watu sakentheng,
awake saknalika lemes, atot bebayune kaya dilolosi, mripate sakala
kunang-kunang ngen.Wusana banjur ndheprok ing triris pos jaga parkir. Awake
kaya gombal amoh teles nglmpruk. Sirahe sumendhe tembok, mripate nyawang
mendhuwur weruh lintang pating krelip ing tawang sing endah lan mranani. Ning
emane ora bisa diranggeh lan di duweni. Kanthi lambe kedher pengresake :
O Vera sing tak tresnani, jebul sliramu saiki wis adoh
bangaet saka aku pindha lintang ing tawang. Jebul tenan, aku iki mung ngimpi
mabur sing kedhuwuren, wusana bareng tiba, aku ajur sumyur dadi sa
walang-walang. Obsesine Tarmin ambyar, malih dadi siladan pring wulung sing
banget landhepe, kuwawa mbeler atine sing bisa dadi rojah rajeh tatune, lan
dadheake banget perihe. Mula sing bener pepenginan mono samadya wae, aja
kedhuwuren.
Maturnuwun..
Komentar
Posting Komentar